Selasa, 27 November 2012

Ana Crita Pas LDK


lagi tanggal 10 November 2012 ana acara imt. acarane kue arane LDK atawa Latihan Dasar Kepemimpinan. Akeh crita sing madan menarik dibalik pelaksanakan LDK sabtu lagi kae. Awit ora sidane audit go panggonan LDK pokoke akeh wis. nang kene sing tak tulis mung sing pas kuwe nyong menangi. Oke ayuh dangkati bae.

ora sidane nganggo audit kampus siji.
Acara LDK kue jarene maune pan diadakna neng audit 1 kampus 1. pengumumane be wis dipasang nang pirang-pirang mading nang kampus. Tapi mbuh priben ceritane kok ora sida. atane Ujug-ujug pindah nggon maring balai purwoyoso. kerana nyong belih ngarti sababe bisane koh pindah nggon, nang kene sing tak bahas dampake bae.
Dampak pertama
dampak sing pertama yaiku ekspresi mlongo semlongo-mlongone pas hari H sekang bocah-bocah imt. macem lah ya, lah wong genah keder siyah, nang pamplete tulisane audit kampus1, eh barang mono neng audit malah ana acara. ana sing ngomong ana acara dema, ana sing ngomong lagi denggo wong mbojo. pas kuwe akeh pitakonan-pitakonan sing nongol. terutama ya sing belih paham sabab-musababe, cah-cah anyar kuweh sing rata-rata takon. pada takon kaya kiye kyeh: ‘bisane pindah sih?’ ‘balai purwoyoso sih endi?’ 'aku ora weruh ngoone, manane numpak apa?'.

siji kuwe. lha Dampak nomer lorone. kuwe nongol seksi anyar dalam kepanitiaan. yaiku seksi penjemputan. basa kerene seksi wira wiri. tugase jelas oh, ngunjali bocah-bocah peserta terutama cah anyar seka kampus 1 maring balai purwoyoso. Yah ada semacam ana tugas anyar go bocah sing  nganggur karo 'ora patia kanggo’. kiye siji jelas boros bensin. nomer lorone boros tenaga si seksi kuwe miki. jarene bocah sing wira-wiri tak takoni, jare 'ora papa wis timbang sepi'. dampak kiye ta ngawag nemen yah kayane.

Dampak selanjute.
kiye nyong olih crita saking bocah sing tak boncengna. bocahe ngomong ‘mau ana cah tegal neng kampus siji wis marani audit tapi rame ana wong mbojo, latane bocahe balik maning’. ya kuwe miki, ngggone pindah, meningan lah cah anyar keder ya ora maido.

TAPI....
aja salah, ana dampak positipe bol. dampak positipe cah2 anyar dadi ngerti endi kue balai purwoyoso. balai kue emang ngetop nemen nang imt. meningan balai kuwe panggonane neng wilayah teritorialnya pak showi. gadi, Pak showi kuwe salah sijine pembina imt sing gadi ketua RW nang kono. pak Showi eman nemen bol karo cah imt, yen ana acara ya gari nganggo bae tempate lah.
barang anjog mana
kerana nyong melu gadi seksi  wira wiri gadine nyong ora patia paham kedadian apa bae sing ana sadawane kegiatan. sing bisa tak laporna (gaya men kaya wartawan) pokoke LDK mau ana pemberian materi seka DPO, yaitu: mas ipul (moto) mas mansyur (leadership) dan mas ais( kehumasan) neng manual acara ana tulisane soale.
tulisan ora nggenah kiye kue ora ana maksud maido sung asli. nyong ka mung pengin crita kegiatan LDK. secara umum acara lancar. bocah anyare akeh, bocah tuane sing madan cuwil. ora papa sing penting acarane 'cetar membahana'.
wis samene tuli ya. mengko yen nyong wis olih poto-poto pas LDK kiye insya Allah tak posting nang blog kiye. oke sadulur?
*ora nggenah nemen asli*
*pan mbelih temen*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar